RSS

Rabu, 15 September 2010

cerito MBAH WONOKAIRUN - teko tulisane arek arek

THE WONOKAIRUN STORY



NGUMBAH KOCENG

“Mbah, kok dungaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
“Gak salah tah Mbah?” Bunali bingung.
“Iyo soale kucingku akeh tumone.” Jare Wonokairun.
“Wah yo isok matek kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
“Lho koncoku wingi ngono, ...gak opo-opo kok” jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sesuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
“Kucingku matek“ jare Wonokairun.
“Lho lak temen ta... Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
“Kucingku matek gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
“Lha opok’o kok matek??” Bunali gak sabar.
“Tak peres.....”

 NGUNTAL YUYU
Sore-sore mbah Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
"Mbah, jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Temenan tah?" takok Bunali.
"Yo bener, tapi bojoku wis matek kabeh" jare Wonokairun.
"Lho kok isok?" jare Bunali
"Sing pertama mati nguntal yuyu" jare Wonokairun
"Sing nomer loro?" takok Bunali
"Singo nomer loro yo mati nguntal yuyu" jare Wonokairun
"Lha sing nomer telu nguntal yuyu pisan tah?" jare Bunali kemeruh
"Gak matine mergo tak gibeng" jare Wonokairun
"Lho opo'o?" takok Bunali
"Soale gak gelem nguntal yuyu.........?
Ha......???????


BALES DENDAM
Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem kalah ambek ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.
Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wongakeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.
Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.
Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-sithok.
"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku iki wong lanang normal mbah,goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh tersinggung.
Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.
"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Wonokairun langsung numpak terus budhal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.
Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku, mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."
Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo kudhu mukok .

. .
LIMOLAS JUTA
Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam.
Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen.
Wonokairun disambut ambet Mamane wisma.
"Aku pingin pethuk ambek Sablah" ajre Wonokairun.
"Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup
dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . ." jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah." Wonokairun mekso.
Akhire Mamane ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan..
"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis,
Wonokairun minggat.
Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.
"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo gak ono diskon" jare
Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah" Wonokairun mekso maneh. Wong mulai kasak-kusuk ngrasani
mbah Wonokairun.
Akhire Mamane nyeluk Sablah.
"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.
Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.
"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Sablah pancet lho yo gak ono diskon"
jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah," jare Wonokairun. Wong tambah rame kasak-kusuk ngrasani, tapi
mbah Wonokairun cuek ae.
Akhire Mamane nyeluk Sablah.
"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.
Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.
"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku
lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Sablah.
"Aku seko Sepanjang" jare Wonokairun.
"Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan." jare Sablah kaget.
"Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus
ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . ."


NGINCENG
Tole, anake Romlah, mlayu menggos-menggos mlebu omah nggoleki ibuke.
"Buuuk . .Ibuuuuk...!!!" jare Tole ambek nungkul ibuke.
"Opoko Le, kon kok koyok diuber celeng . .?" takon Romlah.
"Bu aku mari mergoki Bapak ambek Yuk Jah wong loro . . ." jare Tole ambek menggos-menggos.
"Sik tak la, alon-alon lek cerito, longgo sing nggenah dhisik .." jare Romlah ngayemno anake.
"Ngene lho Buk, pas aku dhulin nang omahe Kelik, aku ndhelok Bapak mlebu nang omahe Yuk Jah."
jare Tole.
"Wis wis Stop ! Stop ! Stop!, ceritone disimpen dhisik ae. Lek Bapakmu teko, ceritone lagek diterusno.
Aku pingin weruh reaksine Bapakmu. "jare Romlah.
Sorene Muntiyadi mulih wis dienteni Tole ambek Romlah.
"Ayok Le, age ndhang cerito nak" jare Romlah.
"Pas aku dhulinan nang omahe Kelik, moro-moro aku ndhelok Bapake mlebu nang omahe Yuk Jah.
Aku timik-timik nututi Bapake, terus nginceng seko jendelo. Aku ndhelok Bapak terus sayangsayangan
ambek Yuk Jah. Mari ngono aku .... wis gak wis aku gak wani nerusno . ." jare Tole.
Romlah penasaran, Muntiyadi gemeter tegang.
"Ojok wedhi ambek Bapakmu, ayo age terus no. Mari ngono Bapakmu lapo ambek Yuk Jah !!"
Romlah mekso anake.
Mari dipekso-pekso akhire Tole nerusno ceritone
"Mari ngono Bapak ambek Yuk Jah dulinan jaran-jaranan koyok . . . koyok . . .” Tole mandeg maneh
gak wani ngomong.
“Lho ayo terusno ojok wedhi, koyok opo ayo sing jelas “ Romlah mbentak anake maneh.
Akhire Tole wani nerusno maneh.
“Koyok Ibu ambek om Gempil mbiyen . . ."


MBECAK MANEH
Isuk-isuk Wonokairun wis mruput mancal becak golek penumpang. Mari ngono oleh penumpang cewek uayu ambune wangi rambute teles mari kramas, Wonokairun sueneng poll.
“Arep nang endhi Ning ?” jare Wonokairun.
“Nang slompretan mbah . .” jare ceweke.
“Waduh gak weruh aku nggone ning . .” jare Wonokairun.
“Wis mbah pokoke sampeyan mancal ae nurut komandoku . .” jare ceweke.
“Oke boss . . ” jare Wonokairun ambek mbukak terpal becake, karepe ben iso ngrasakno mambu wangi rambute cewek iku.
“Kiri mbah . .” Wonokairun nurut menggok kiwo.
“Kanan mbah . .” Wonokairun nurut menggok kanan.
“Kanan maneh . .” Wonokairun nurut.
“Kiri .” “Kanan . .” “Kenceng ae mbah ..” “Kanan maneh . .terus kiri “
Wonokairun nurut ae sing penting iso ndelok gegere ceweke ayu iku.

“Wis stop kene ae Mbah !!” moro-moro ceweke mbengok ambek ngekeki dhuwik limang ewu.
Wonokairun nuangis mbrebes mili.
“Lho opoko mbah, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh .” jare ceweke ambek ngekeki dhuwik sepuluh ewu.
Wonokairun sik nuangis ae.
“Sepurane yo mbah, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . .” jare ceweke ambek ngekeki dhuwik seket ewu.
Wonokairun sik nuangis ae.
“Waduh mbah sampeyan njaluk piro ? Age ngomongo.” ceweke bingung.
“Ning aku nuangis gak perkoro dhuwike kurang . .” jare Wonokairun.
“Lho opoko mbah ?” jare ceweke.
“Aku lali dalane mulih . . .”


MANCING
Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge
Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok
sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono
langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. " jare Bunali.
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?" takok Bunali.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. "
jare Wonokairun.
"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Bunali gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ."

MINI MARKET
Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.
Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno
lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali,
kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik
Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung
pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki
sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase
indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno.
Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali
kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih
gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku
sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".

PIKUN
Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek
napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek
nakoni.
"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik
enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.
"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai bingung.
"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan
asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun.
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali
tambah bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung
dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.
"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak
mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.
"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."


WEDUS
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
“Yo lumayan ” jare si Mbah
“Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”
“Sing putih, wis”
“Selawe”‘
“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
“Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”
‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”
“Lha sing putih?”
“Podho . . .”
( Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu
mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane
yo podho ae )
“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu,
sampeyan mesti leren takon sing putih tah
sing ireng barang. Padahal masiyo putih
utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane
ngono onok opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wehusku…”
“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .”


BELAJAR BROMPIT
Wonokairun kepingin ngojek, soale lek mbecak royokan penumpang kalah terus.
Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi.
Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe.
"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne!" jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM.
‎​"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM..." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah" jare Bunali.
"Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo!!!.  Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang!! Gak isok!!!" Wonokairun nguamuk.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang.

Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh.

"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne!" jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo STNK.
"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK..." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran" jare Bunali.
"Gak isok!!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo!!!" Wonokairun nguamuk maneh.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang.

Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh.
Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh.

"Ayo minggir!!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh.  Iki lho dheloken,  helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh.  Hayo kate lapo kon!!!" jare Wonokairun suombong.
"Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh " jare Bunali.
"Gak mungkin !! Lali opone...?" Wonokairun bingung,
"Laopo sampeyan mancal becak? Lha bronpite endhi?"
BUNALI


NGOPENI GAJAH
Isuk-isuk wong sak bonbin gupuh kuabeh krungu berita ono gajah matek mergo wis tuwek. Masio kulite kisut keriput tapi bobote ono lek 2 ton. Brudin sing biasane dodolan es gronjong nang bon-bin sakno ndelok Mbah Wonokairun nuangis mbrebes mili.
“Wis tah Mbah, gak usah athik mbrebes mili. Aku iso ngrasakno yok opo susahe berpisah ambek gajah sing sampeyan openi pirang puluh taun. Opomaneh umure sampeyan ambek gajah iku yo sak pantaran, mestine akeh kenangan manise yo. Tapi wis gak usah sedih mbah, lak sik ono gajah liyane sing lucu-lucu.” jarene Brudin.
“He cak, aku iki dhudhu pawange gajah !!!! Ngawur ae !!!!” jarene Wonokairun.
“Lho lek sampeyan dhudhu pawange gajah, laopo sampeyan athik nuangis mbrebes mili barang. Sejatine sampeyan iki apane gajah?? koncone opo dulure ??” jarene Brudin.
“Aku iki tukang gali kuburan, isuk-isuk durung sarapan wis dikongkon ngeduk kuburan, tibake kuburane gajah…” Wonokairun nangis maneh.
"Wis mbah ojo nangis maneh, iki lho tak gawekno es gronjong, gratis wis." Jare Brudin.
Mari ngombe rong gelas, Wonokairun wis gak nangis maneh.
"Kon kok apikan nggawekno es gronjong gratis, koyok wong sugih ae." Jare Wonokairun.
"Lho ojo salah mbah, aku iki pancene keturunane wong sugih, dhuwike mbahku iku cukup gawe tujuh turunan." Jare Brudin bangga.
"Gombal !!!, lek pancene kon iku turunane wong sugih, laopo saiki dhodolan es gronjong ??" jare Wonokairun.
"Soale aku keturunan sing ke wolu . . ."

BANGGA
Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene ngemis pisan.
“Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene ? Yok opo wis oleh akeh tah ?” takok Bunali.
“Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu.” jare Wonokairun.
“Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu. Eh Mbah, sampeyan gak nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene ?” takok Bunali.
“Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang Unbra, loro maneh nang IKIP. ” jarene Wonokairun bangga.
“Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung ono sing lulus tah anak sampeyan?” takok Bunali.
“Anakku gak ono kuliah cak !” jare Wonokairun.
“Ooh dadi dosen tah??” takok Bunali.
“Salah peno cak.” jare Wonokairun.
“Lha laopo lo ??” takok Bunali.
“Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh…”

BENGKERENGAN
Brudin pethuk Wonokairun kate budhal nang sawah.
“Laopo isuk-isuk kok wis mlaku ambek bedhes lungset kumus-kumus ?” jarene Brudin.
“Ooo pancene picek, sing tak tuntun iki jenenge wedhus dhudhuk bedhes !!” jare Wonokairun.
“Lho aku gak takok peno!!. Aku pancene takok nang wedhuse.” jare Brudin. Ooo awas kon yo !! pikire Wonoklairun nggondhok.

Mulih seko sawah, arek loro pethukan maneh. Moro-moro Wonokairun ngentut mak dut !!. Brudin muring-muring.
“Damput, pancene dobol. Ngentut sembarangan” Brudin meh nggeblak gak kuat ambune.
“Saiki kon tak takoni, ngentut iku apik opo elek ?” jare Wonokairun.
“Yo mestine elek mbah..” jarene Brudin.
“Lha mulakno tak buak” jarene Wonokairun.
“Lek misale tak jawab ngentut iku apik, terus opoko ?” takok Brudin.
“Lha mulakno kon tak ke’i….”


JAKETAN
Isuk-isuk Wonokairun pethukan ambek Brudin budhal kerjo.
“Wuik gaya rek . .saiki areke jaketan rek.” jare Wonokairun.
“Iyo mbah, saiki aku kerjo nang nggon adem” jare Brudin.
“Ketrimo nang kantor endhi Din?” jare Wonokairun.
“Aku gak kerjo nang kantor mbah.” jare Brudin.
“Nang endhi lho??” takok Wonokairun.
“Nang pabrik es batu . .”

MBECAK
Bosen ngemis, saiki Wonokairun mbecak. Be’e hasile luwih akeh pikire. Pas mancal ambek tingak-tinguk golek penumpang, moro-moro ono turis bule nyeluk.
“Come …please . . .” jarene bule ambek ngawe becake Wonokairun.
“Kamplis… ??? . . .wah salah, sing bener iku Klampis mister..cedhake jalan Mletho kono lho . . .” jare Wonokairun.
“Pardon me..??” bulene bingung.
“Parmi ..?? oalah Parmi tah ? iyo weruh aku omahe.” jare Wonokairun ambek ngguya ngguyu.
“What ??!!” bulene sik bingung.
“Kuat ??? . ..yo kuat rek, masio wis tuwek tapi sik tahes iki . .” jare Wonokairun ambek mantuk mantuk.
“Lets go !! . .” jarene bule mantuk-mantuk pisan.
“Pekgo !! . .wok kemalan rek !! wong ngomong limang ewu ae athik boso mandarin barang. Oke Mister !!” jare Wonokairun.
Mari bulene munggah, Wonokairun langsung nyengklak becake. Bareng wis mlebu Klampis gang buntu, Wonokairun langsung bengok-bengok. “Diiinnn !!! Bruuuudiinnnn !!!! Ono wong bule nggoleki bojomuuuuu .!!!!”

STASIUN
Wonokairun teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es.
“Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?” takok Wonokairun.
“Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau . .” jare Brudin.
“Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung ..? takok Wonokairun.
“Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur . .” jare Brudin.
“Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung . .?” takok Wonokairun.
“Oooh lek iku mengko awan jam rolas budhale. Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno !! Sampeyan iku sakjane arep nang endhi ? ” Brudin bingung.
“Arep nyabrang . .”

NJABUT UNTU
Wonokairun loro untu lungo nang dokter gigi konco lawase jenenge Bunali.
“Waduh mbah, untu sampeyan kudhu dicabut . .” jare Bunali.
“Yo wis jabuten ae ben ndang waras ” jare Wonokairun.
Mari dijabut Bunali takok “Wis gak loro maneh mbah ?”
“Iyo wis enak saiki, piro ongkose dok ?” Wonokairun takok.
“Wis gak usah mbayar mbah, gratis ae ” jare Bunali.
“Waduh suwun suwun, . . tak dungakno sampeyan mlebu suargo” jare Wonokairun.
Pas nang omah Wonokairun ngoco, langsung nggeblak semaput.
Tibake sing dijabut iku untu emase.

DHUWIK SEWU
Wonokairun mbecak mulai isuk sampek awan gak oleh penumpang. Dhuwike kari sewu tapi kerongkongane ketelak pol.
Moro-moro Brudin lewat nyurung rombong es gronjong. “Din, dhuwikku mek sewu, iso gawe tuku es tah ?” jare Wonokairun.
“Iso mbah, tapi es batu thok gathik setrup.” jare Brudin. Medhite rek pikire Wonokairun, uawas kon yo..
Sisuke Wonokairun pethukan ambek Brudin mulih pasar mari kulakan. “Mbah, dhuwikku kari sewu, iso gawe numpak becak tah ?” takok Brudin.”Iso Din, tapi tak pancal thok gathik ngerem…”

BON BIN

Wonokairun sir-siran nang Bon Bin, dhadhak pethukan maneh ambek Brudin dhodholan es gronjong.
“Coca cola loro Cak !” jare Wonokairun.
“Aku gak ndhuwe Coca Cola Mbah, modalku cilik, durung cukup gae kulak coca cola. Es gronjong ae yo, tak jamin sueger Mbah” jare Brudin. “Aku ngomong ambek wong sing ndhuwe rombong nang mburimu.” jare Wonokairun. Oooh uawas kon yo, Brudin nggondhok.
Mari muter-muter dhodholan es gronjong, Brudin pethukan maneh ambek Wonokairun lagi guyon ambek gendhakane.
“Oo !! Pancene gak nggenah !!! Wingi anake dhewe disikat, saiki bojone koncone arep disikat pisan. Wis tuwek petakilan ” jare Brudin.
“He !! Kon lek ngomong ojok sembarangan lho yo !!! Tak suantap lambemu !!! Sing wingi nyikat anake dhewe iku lho sopo !!!. Iki yo dhudhuk bojone koncoku, arek iki wis rondo, sak umur-umur gak tau ndelok bon bin, mulakno tak jak nglencer !!” Wonokairun mencak-mencak gak trimo.Begitu krungu wong loro iku gegeren, arek wedhok gendhakane Wonokairun langsung ngilang minggat.
“Aku ngomong ambek bedhes tuwek nang mburimu . .” jare Brudin.


CEGATAN
Wonokairun kepingin ngojek, soale lek mbecak royokan penumpang kalah terus. Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit. Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi. Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe.
“Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! ” jare Bunali.
“Ono nang dompetku” jare Wonokairun.
“Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM” jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM.
“Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM . .” jare Wonokairun.
“Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah” jare Bunali.
“Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo !!!. Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang !! Gak isok !!!” Wonokairun nguamuk.
Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang.
Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh.Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh.
“Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! ” jare Bunali.
“Ono nang dompetku” jare Wonokairun.
“Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK” jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo STNK.
“Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK . .” jare Wonokairun.
“Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran” jare Bunali.
“Gak isok !!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo !!! ” Wonokairun nguamuk maneh.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang. Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh. Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh.
“Ayo minggir !!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh. Iki lho dheloken, helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh. Hayo kate lapo kon !!! ” jare Wonokairun suombong.
“Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh ” jare Bunali.
“Gak mungkin !! Lali opone . .?” Wonokairun bingung,
“Laopo sampeyan mancal becak ? Lha bronpite endhi ?”


PERMEN KARET
Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.
Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.
“He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok” jare Brudin.
“Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek.” jare Wonokairun.
“Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku.” jarene Brudin.
“He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!” jare Wonokairun.
“Arep laopo lho …?” jare Brudin bingung.
“Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . “

BIS KOTA
Brudin numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Wonokairun munggah.”Lho mbah, jange nang endhi ?” Brudin nyopo.
“Nang pasar turi jange tuku klambi.” jare Wonokairun.
“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek ambek nawakno kursine nang Wonokairun.
“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Wonokairun.
Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.
“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek maneh nawakno kursine.
“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Wonokairun.
Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.

“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek pisan maneh nawakno kursine.
Wonokairun mulai nesu bolak-balik ditawari longgo.
“Wis tak warah kon longgo ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!” jare Wonokairun.
Brudin nesu pisan.
“Mbah, aku nawakno longgo iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki jange mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon longgo maneh. Saiki selak omahku kebablasen…”


NGENYANG PITHIK
Wonokairun ganti haluan maneh saiki dhodholan pithik nang pasar ngelom. Brudin teko jange tuku pithik digawe tumpengan slametan.
“Mbah aku jange tuku pithik meduro, ono tah?” jare Brudin.
“Iki lho sing wulune abang. .” jare Wonokairun.
Mari ngono ambek Brudin pithike diangkat sampek njengking terus dibukak bokonge.Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun nggondhok ndelok pithike diobok-obok bokonge. “Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik njombang . .” jare Brudin ambek mbalekno pithike.
“Cobak sing putih iki . .” jare Wonokairun ambek nawakno pithik putih. Mari ngono Brudin merikso maneh bokonge pithike. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun tambah mbedhodhok ndelok pithike diobok-obok bokonge.”Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik solo .” jare Brudin.
Wonokairun nawakno maneh pithik klawu, tapi tetep gak cocok, tiwas brodhol kuabeh.”Kon iku jange tuku utowo mek kepingin dulinan bokonge pithik !!!” Wonokairun wis gak iso nahan emosi.
“Iyo mbah, aku pingin tuku pithik sampeyan tapi durung ketemu sing pithik meduro . .” jare Brudin.
“Iki lho pithikku sing kari dhewe .” jare Wonokairun ambek nawakno pithik ireng.

Mari merikso bokonge pithik ireng Brudin puas.”Lha yo iki pithik meduro .Piro regone mbah ? jare Brudin.
“Satus ewu !!!” jare Wonokairun ambek ngamuk padahal biasane regone mek rong puluh ewu.Brudin wis gak wani ngenyang blas, langsung dibayar satus ewu.
“Mbah, sampeyan kok ngamukan se ?? Sakjane sampeyan asline wong endhi ?” jare Brudin. "Aku asli wong jerman !!” jare Wonokairun.
“Wok ! Rupamu mbah, gak mungkin !” jare Brudin.

“Lek gak percoyo dheloken dhewe . .” jare Wonokairun ngangkat bokonge.


4 komentar:

c0kr3x mengatakan...

Wakakakaka wonokairun joss...

gak onok maneh ta cak critane??

Unknown mengatakan...

saya ingin punya serial wono kairun. ada yang bisa bantu ?

Unknown mengatakan...

tolong hub saya secepatnya jika ada yang bisa bantu saya. vcd, dvd mp3 atau dalam bentuk apapun. 081 359 048 010 atau di 087 857 452 848

pak muliadi mengatakan...

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


Posting Komentar